Sujarah wong Kurdhi

Gendéra Kurdhistan

Wong Kurdhi iku golongan bangsa etno-linguistik kang ana ing Iran lan ing sujarahé dumunung ana ing pagunungan sadawané bang Lor Ranu Van lan Ranu Urmia, wewengkon géografis kang kanthi kolektif dirujuk minangka Kurdhistan. Akèh-akèhé wong Kurdhi celathu nganggo dhialèk Kurmanji utawa Sorani, kang kaloroné kalebu Basa Kurdhi.

Ana manéka warna hipotesis kang ngrujuk marang leluriné Bangsa Kurdhi, kaya ta Carduchoi saka Purwakala Klasik. Wangsa Kurdhi kang paling kawitan ing sajeroning wewengkon pamaréntahan Islam (saka abad angka 10 nganti abad angka 12) ya iku para Hasanwayhids, para Marwanids, para Rawadids, para Shaddadids, dilanjutaké déning Wangsa Ayyubiyyah kang diwiwiti déning Shalahuddin al Ayyubi. Pancakara Chaldiran taun 1514 kuwi minangka sawijining titik balik kang wigati ing sujarah bangsa Kurdhi, mratandhani sekaitan antarané Bangsa Kurdhi lan Kamaharajan Ottoman. Carita Sharafnameh taun 1597 minangka carita babagan sujarah bangsa Kurdhi kang kawitan. Sajarah bangsa Kurdhi ing abad angka 20 ditandhai karo tumuwuhé rasa kabangsan bangsa Kurdhi kang nyungku marang ancasé kanggo nggayuh Kurdhistan kang swatantra kaya kang dirancang addhédhasar Kasarujukan Sèvres ing taun 1920. Swatantra sapérangan kasil digayuh déning Kurdhistan Abang (1923–1926) lan déning Kurdhistan Irak (wiwit taun 1991), déné mligi ing Kurdhistan Turki, carukan mawa gaman antarané kelompok kraman wong Kurdhi lan wadya Turki agegaman kadadéan saka 1984 nganti 1999, lan wewengkon kuwi panggah ora tentrem kanthi anané kawirotan anyar ana ing taun 2000-nan.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search